Pages

Subscribe:

Kamis, 22 September 2011

BAHASA JAWA

Untitled Document






Dadi Juragan Barang
Bekas



Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu
bapake sing thenger-thenger saben ndina merga ora nduweni paitan kanggo
dodol terompet.Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge ora sepira. Isih
cupet . Kudu dimangerteni yen gawe terompet mbutuhake paitan maneka warna.
Saka dluwang werna-werna rupane, kerdhus tumeka lim.

Dluwang wis cemepak sak jogan ruwang tamu. Tumpekan dluwang sing mengkilap
ulese maneka warna turahan setahun kepungkur isih isa digunakake. Lem
saka pathi kanji ya wis cemepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe.

“Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon
rikuh. Minangka wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya
Mugiman.

“Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak Kepala
Sekolah,” kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora,
bapake perlu negesake.

“Kok apik temen kepala sekolahmu Mug?”

“Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak. Sak liyane kuwi uga
dadi juara karate nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane
ethes kaya-kaya wis disiapake. Lik Min kaget.

“Kapan kerdhus-kerdhus mau isa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kaggo
tenan ta?” bathuke bapake isih pating mengkerut.

“Tenan Pak, bapak kepala sekolah nawani kaya mangkono merga pirtsa
yen awake dhewe bakulan terompet,”

Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthal tumuju
sekolah. Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei bapak kepala sekolah
piket. Dadi Mugiman ora kecelik.

Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoni Mugiman.
Eseme sing nentremake ati diumbar.

“Sida golek kerdhus Mug?”

“Saestu Pak, saestu,”

“Lha endi wadhahmu?”

“Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?”
semaure sak kecekele. Pak Kepala sekolah gedheg-gedheg.

“Ah, mesaake sirahmu. Yen kentepan kerdhus malah kelong pintere
lho,” guyone kepala sekolah. Mugiman mlengeh.

“Luwih becik bapakmu diaturi rene. …Gudhang ya ana gerobak
cilik, isa mbok gunakake,”

“Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk
kawigaten kang omber rumangsa kudu sumringah atine.

Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepala sekolah.
Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akeh
temen kerdhus sing sing diparingake.

“Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?”
pitakone lik Min lugu.Pak Mus, kepala sekolah mung gemujeng.

“Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng
saget maringi hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.,”
Pak Mus ngajak guyon. Lik Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki
yen diregani dhuwit isa kepetung luwih seketan ewu. Petengan jumlah sing
isa ngurangi rekasane bapake.

Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-lorone
pamitan mulih.Mesthi wae ora lali ngaturake matur nuwun marang kepala
sekolahe.

“Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?”

“Iya to Pak, rencanane semester ngarep aku bakal entuk beasiswa”

“Saka sekolahan?”

“Saka pamarintah Pak, “

“Wah, wujude dhuwit ya Mug?” bapake ngoyak takon.

“Iya Pak, mosok beling?” ceblang-ceblung olehe mangsuli.

***

Kocapa bareng kerdhus mau diusung ngango gerobag menyang ngomah, dumadakan
dadi sak gunung. Omahe nganti kebak. Mbludag menyang emper. Mesthi wae
dadi repot mbok menawa ana tamu. Kahanan kaya mangkono mau ndadekake sesawangan
sing ora kepenak menyang mripat. Bejane Yu Yah sing tukang dodol barang
rongsokan rumangsa kudu melu cawe-cawe. Dheweke saguh nukoni kerdhus-kerdhus
mau.

“Tinimbang ngebaki omah reged to Mug, piye yen tak tuku kerdhus-kerdhusmu?
Bapakmu endi?” Yu Yah lungguh dlosoran saking kesele.

“Iki kerdhusku Lik, ora sah taren karo bapak. Bapak menyang kutha
dodol tetompet,” semaure emtheng.

“Sekilone pira? Apa diborong kabeh sisan Lik?”

“Ya, ngono wae timbang repot-repot,”

“Arep mbok tuku pira Lik?” minggrang-minggring olehe taren.

“Seket ewu piye?”

“Tambahi sithik ta Lik, iki arep tak enggo paitan dodol dluwang
rongsokan. Aku arep dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..”

“Wah, saingan karo aku yo Le?”

“Ya ora to Lik, mengko tak setorke Sampeyan,”

Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman iki petungan
sing lumayan. Pikirane banjur mlethik. Yen kerdhus payu, mesthi dkuwang-dluwang
duweke kanca-kancane sing ora kanggo uga payu.

Mula sakploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sak kelas
mbaka siji. Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omah
lan dadi susuh tikus. Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae.
Kerdhus, plastik, wes kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan
awake kesel.

Malah kadhangkala Mugiman mesem dhewe nalika nyawang barang-barang rongsokan
mau. Sanadyan wis akeh sing nglirik, Mugiman durung lila ngeculake. Ati
cilike mongkog minangka rumangsa dadi juragan.

Telung dina bacute bapake kaget. Ngomahe kebak maneka warna barang-barang
sing wis ora kanggo.

“Lho, kok kowe dadi juragan Mug? Entukmu modhal ngendi?”

“Tanpa modhal Pak, tugase bapak sak iki nampa lan nukoni wong-wong
kang adol dluwang, kerdhus , plastik lan wesi. Iki daftare rega saben
kilone Pak..Yen wis nglumpuk arep diparani sing kawogan..,”

“Lha kok nduwe dhuwit saka ngendi Mug?”

“Saka koperasi sekolah Pak, disilihi Pak Kepala sekolah,”

Bapak lan anak rangkulan. Trenyuh. Sapa ngerti yen iki pancen dalan kanggo
paitan urip sing luwih mbejaji. Tinimbang dadi buruh tani. Tinimbang mung
njagakake dodol terompet setahun pisan. Tinimbang mulih sekolah mung ngantuk
klakepan.

kembali


0 comments:

Posting Komentar